Rabu, 06 April 2016

PIDATO PERISAHAN SDIT AL UMAR NGARGOSOKA

PIDATO PERISAHAN SDIT AL UMAR NGARGOSOKA
Assalaamu’alaikum WR WB
Alhamdulillahi robbil ‘alamin wa bihi wanastanginu ngala umuridunya waddin
Ashsholatu wasalaamu ngalal mursalin sayidina muhammadin wa ‘ala alihi wa ashabihi waman tabi’ahum bi ihsaniyaumiddin.
Nuwun . Dumateng ngarsanipun Bapa Kepala Sekolah SDIT Al Umar ingkang satuhu kinurmatan, , Bapa Ibu Guru ingkang tansah kinabekten, dumateng para kanca kelas Enem , sederek para rawuh ingkang satuhu kinurmatan lan tansah cinaketeing manah.
Sak derengipun kula matur sumangga sesarengan ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang wonten wekdal punika sampun kepareng paring karaharjan lan kebaswarasan dumateng panjengansedaya lan kula satemah saget makempal manunggal wonten papan punika kanthi manggih wilujeng lir ing sambekala lan rubeda.
Shalawat saha salam mugi katur wonten ngarsa dalem nabi agung Muhammad SAW, dumateng keluarga ahlul bait , para sahabat nabi lan dumateng sedaya penderekipun ngantos yaumul qiyamah.
Kula minangka wakil saking siswa kelas enem, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatantan menika.

Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar